Seng duwe jeneng *SRI* mohon maap ... ??
OALAAH SRI
Ibu : Saka ngendi Sri? Kaya wong lagi kesusu?
Sri : Saking rumah sakit Bu!
Ibu : Ana apa?
Sri : Nggih macem-macem, wonten dokter, wonten suster, sing lara nggih akeh banget.
Ibu : Eh, maksude ana urusan apa kok neng rumah sakit.
Sri : Oh, anak kula babaran.
Ibu : Keneng apa neng rumah sakit? Jarene arep neng bidan wae?
Sri : Nembe angsal 7 sasi, bayine temperatur.!
Ibu : Prematur ya'e!
Sri : Nggih niku! Sak niki bayine disimpen teng karburator.
Ibu : Inkubator, Sri!
Sri : Mboten ngerti pokoke ngoten niku.
Ibu : Ning ibune slamet to?
Sri : Ibune pendarahan. Mulane kedah ditransmigrasi, wau siang angsal saking PMI kalih kantong.
Ibu : Ditransfusi, Sri! Kenek apa iso ngono?
Sri : Ngono sing pripun to Bu?
Ibu : Iso prematur..?
Sri : Mboten ngertos, sanjange dhek meteng ibune kakehan maem mie sing mengandung formulir!
Ibu : Formalin!
Sri : Nggih niku?
Ibu : Ich Sri, terus kuwi rumah sakit ngendi ?
Sri : Pemalang, Rumah Sakit Tante Maria.
Ibu : Santa Maria! Terus bayine kepiye?
Sri : Nembe mawon keleke dipasangi taspen. Sanjange suhune 39 sudrajat, sanjange pak dokter kedah diwenehi ingus.
Ibu : Infus, Sriiiii!
Sri : Iiihh sampeyan kok protes terus, kok kados Kadrun mawon?
Ibu : *Oooalah Sriii.*
0 Response to "OALAAH SRI"
Posting Komentar